Wednesday, September 13, 2006

Mancing ning Kedung Ombo

Ndek mau sore pas lagi dikelas (kuliah meneh), tiba2 eneng sms mlebu. Nomer tak dikenal.

"Le,pie kabare? wis duwe anak po durung? ayo mancing ning kedung ombo!"

Mancing di kedung ombo? wah, sopo meneh yen dudu "si Thole",konco lawas.
Aku dadi kelingan ndek jaman semono. Aku karo konco2 sa'kelas duwe rencana meh liburan.Lagi dino seloso wis ngrencanakne liburan dinggo dino kemis-jum'at (sekolahku prei dino jumat, ora minggu). Cah-cah wis do stress sinau terus, pengen refreshing.Ono sing usul nyang Umbul Cokro, ono sing usul kemping ning TeWe, ono sing usul mancing ning kedung ombo. Kelas dadi rame banget, do ribut dewe-dewe. Akhirnya, ambil suara terbanyak alias Voting (bukan puting). Pemenangnya adalah (emang pemilu?) Mancing ning kedung ombo.Seloso, rabu, do nyiapke alat2 nggo mancing. Ketok'e do semangat. Tapi wis tekan pas hari H, jam J, menit M, detik D (weks koyo opo wae) cah2 do mletho. ra ono sing isoh, kecuali gur aku karo Thole.Wah, yo wis kepiye meneh? rencana wis disusun sedemikian rupa, koyo rupamu :P malah berantakan , tapi yo isih koyo rupamu, soyo mawut.
Nde Syo Mas Go On, aku ro thole tetep mangkat. Nyiap-nyiapke pancing nggo mancing iwak, bedil nggo mbedil manukmu, eh, manuk kuntul, direwangi sampe mbolos2.Thole ngejak koncone, dadi mangkat cah telu.Kabeh uborampe wis disiapke, dienterke numpak montor karo bapak'e thole tekan cegatan bis.

"Wis tenan, ra ono sing ketinggalan?ra ono sing keri? ayo mangkat!"

Akhirnya tiga sekawan (dasar ngawur, tiga ki tigo, sekawan ki papat) brangkat numpak bis jurusan Kalifornia eh, salah, Kalioso. Ning njero bis, ngobrol2. wah kok ketok;e perasaanku ra penak (emang duwe perasaan? :P ).kok koyone ono sing kurang. Kurang opo yo? Opo sing ketinggalan? Opo sing keri?

"NAH!!! cah telu mbengok bareng Cacinge Keri!!!"

Alat2 mancing wis disiapne kabeh, weh lha kok umpane ketinggalan. Wah, ngko mancing nggo umpan opo ki? ning kono ono cacing po ra yo? wa yo mbuh ya!Alah, wis ngko gampang, golek umpang ning kono wae.Pas lagi ngobrol2 eh, kok tiba-tiba (wah iki ceritane tiba-tiba terus, gawe kaget uwong wae)ono cewek ngejak omongan karo aku. Ceritane aku ki cah telu ora olah lungguhan, dadi ngadek terus nganti sikile pegel. Lha akhwat kui mau lungguh ning cedakku.

Cewek : "Mas! Mase anak SMA****** (maaf, disensor) ya? "
weks, sopo meneh ki? kok aku terkenal bgt ya! fans ku ono ning ndi2 :D !
Aku : "Lho, kok ngerti, Mbak?" sok idih.
Cewek : "Kok mbak to? aku iki adek kelasmu, Mas!"
Aku : "Oooooo...."
ternyata adek kelasku, wah aku tetep terkenal, ra ketang mung ning sekolahan.narsis

Bla bla bla, ternyata deknen anak'e kepala desa ning daerah waduk kedung ombo. Tanpo basa-basi, aku dikon mampir ning omahe. Wah, sing meh mancing dadi luwih semangat. Meh mancing iwak malah oleh themon ning ndalan. Bocahe takon2 lokasi pemancingane, Jare ngko sore meh mampir ning pemancingan.wis, tekan waduk kedung ombo, aku cah telu medun, cewek'e terus bablas.Langsung mlaku ning lokasi pemancingan, wuuuuaaadoh banget,tapi ra kroso kesel, tetep semangat je, lha wong mengko meh diampiri cewek, wah mesti ngko deknen nggowo panganan sing enak2. asyik.........
Adus nyemplung waduk, nglangi ceblung-ceblung.
Ngedekne tendo, golek walang nggo umpang mancing, ra ono sing liyane je! mbakar2 pohong.
dienten-enteni kok ra teko-teko cewek adek kelasku mau kui, nganti srengenge nyungslep ning seberang pegunungan kulon kono.
Yen dimat-mat-ke kok sepi banget, sak waduk ombo-ne sakmene iki (jengenge we waduk kedung ombo, yo ombo banget). dipikir-pikir ngopo kok sepi banget.
Lha, iyo saiki malem jumat. pantes wae ra ono wong mancing, ra ono wong kemah. Ya tinggal bertiga saja.
Malam mencekam, sepi sunyi, semua tak terasa menakutkan. Pikiran ketemu cewek kui ndek mau mengalahkan suasana yang begitu menakutkan, yang cocok untuk uji nyali. kita bertiga emang benar-benar bernyali menyala-nyala.
Cewek itu tak dateng malam itu, tapi kehadirannya (meski hanya diangan-angan) mampu mengusir perasaan yang menyeramkan, menakutkan. Gimana jadinya kalo benar-benar hadir di alam kenyataan. Lebih dari itukah?